Sebenarnya sudah sejak 7 tahun lalu aku sudah mulai coba belajar untuk bikin usaha di internet tapi selalu gak berhasil karena gak mudeng, gak ono waktu, gak ono duit, dan lain sebagainya. Akhirnya bingung mau ngapain.
Kalau ngelihat orang di luar sana kok ya enak tenan to, bisa bikin blog katanya bisa dapat duit. Kalau mereka bisa kenapa aku nggak bisa. Tenan rek,....aku curhat ning kene, rasa sebel dan penasaranku tak tumplek blek ning kene, ben lah pean sing baca postinganku iki mau tertawa atau mesem gak popo, mending aku curhat tinimbang tak simpen dewe dadi udun.
Piye carane yo, masalahe aku gak duwe orientasi arep lapo lan bisnis opo sing arepe digarap. Lan maneh nek arep bikin blog gak weruh tujuane terus dadi opo.....hahahahahaha....lho kan aku poleh kudu ngguyu dewe. Ojok maneh ngerti arep lapo, wong sing tak karepne dewe wae ora weruh.
Sakjane yo, pinginanku pingin dadi makelar ning internet, dodolan barange uwong, oleh kecipratan rejeki sithik wae wis lumayan, tapi carane iku lho sing gak ngerti. Kalah apane yo, mungkin kalah sabar, kalah utun, kalah waktu, padahal jarene nek wis duwe bisnis online iku jenenge waktu gak dipikir maneh,....emboh nek ancene awak iki gak ditakdirno dadi pebisnis bekne.
Wis rek sakmene wae curhate, tapi aku janji ning awakku dewe, mesti iso duwe bisnis ning internet emboh dino kapan.......aku tetep usaha, belajar dan mencoba.......sampai jumpa dengan kesuksesan.




![Validate my RSS feed [Valid RSS]](valid-rss.png)


Tidak ada komentar:
Posting Komentar